Tembung tayub asale saka tembung -tak uyub- (tak ombe)
INTI sarine (dhasare) tayub utawa tayuban padha-padha nduweni tafsiran ngrembakake pengertiane. Uga ana sawetara beda panemu ngenani inti sarine tayub utawa tayuban. Nanging ing dhasare malah nguwatake anane tarian tradhisional Jawa iku dhewe.
Tayub (-an, nayuban) ing kamus Bau Sastra Jawa Indonesia, karangane Prawiro Atmodjo, tegese seneng-seneng karo njoged bareng tandhak. Bisa uga njoged bareng ledhek.
Tembung tayub miturut etimologi rakyat Blitar dikira mabasakake asale saka tembung “tak uyub” (tak ombe). Dene miturut penalarane wong sing ngelak bakal krasa seger maneh sawise ngombe banyu, tayub minangka refreshing utawa nyegerake maneh. Pikiran sing stres mikirake maneka macem masalah penggaweyan lan maneka masalah panguripan liyane. Kanthi tayuban kanggo sawetara bisa nglalekake bab iku kabeh, amarga pikiran seneng. Kanthi mangkono sapungkure bisa mecahake maneka masalah, amarga pikiran lan awak wis seger maneh.
Dene saka saperangan kalangan Islam Abangan, njupuk saka katrangan Kanjeng Syeh Sunan Kalijaga, negesake tayub rada sethithik disambung rapetake karo nilai-nilai Islami. Tembung tayub asale saka basa Arab thoyibah (becik utawa bagus). Sabenere wong nayub iku kanggo golek kabecikan kasampurnan urip ing donya kanggo sangu menyang akherat. Mala saka iku, tembung thoyibah disambung rapetake karo sampur (kain slendhang thaledek) kang tegese sampurnakna uripmu (kasampurnan urip).
Tayub utawa thoyibah yaiku sawijining cara utawa dalan kanggo golek kasampurnan urip. Sebab, mung kanthi nindakake bab-bab kang bagus/becik wong bakal nggayuh kasampurnan, minangka sangu nggayuh kebahagiaan ing akhirat.
Banjur saperangan maneh ngandhakake, kanthi sumber kang padha, yaiku Kanjeng Syeh Sunan Kalijaga, tembung tayuban asale saka basa Arab tasyaruban (nepungake). Wong urip kudu nindakake tasyaruf marang Gusti Allah. Tepung Gusti Allah ateges iman lan yakin anane Gusti Allah. Mula saka iku, kanggo nyedhakake karo Gusti Allah, wong kudu ngupaya tepung, ngyakini lan nresnani Gusti Allah. Yen bab mangkono wis diduweni dening umat-E, umat-E kasebut bakal nggayuh kasampurnane urip. Ing tayuban dilambangake sampur. Mula saka iku, wajar yen ana sing ngira tembung tayub asale saka basa Arab ta’assub, kang tegese ora nampa ajakan lan pengaruh apa wae kang ora cocog karo pendhirine. Saben manungsa kudu nduweni iman kang kuat ora gampang kegodha utawa goyah karo kesenengan duniawi. Kanggo tumuju kasampurnan urip manungsa kudu bisa matesi pepenginan duniawi lan ora gampang kegodha karo maneka macem kesenengan donya.
Maneka pengertian ing dhuwur pancen kosok balen karo makna tembung tayub. Ing kamus Baoesastra Djawa karangane Poerwodarminto (1939:586), tembung tayub tegese “kesukaan jejogedan nganggo dijogedi ing tledhek” (hobby/kesenengan njoged karo penari ledhek/taledhek).
Nadyan maknane ing antarane tradhisi lisan lan kamus suwalike, yen kita kaji luwih jeru, lelorone nduweni maksud kang padha. Lelorone nduweni indikasi kang padha marang tayub, kang ngacu marang pengertian tari. Mangkono uga ing basa Jawa kuna, tayub nduweni teges padha karo nayub kang ateges njoged.
Mula saka iku, tumrap pandhemen kesenian tayub, pagelaran seni tayub ora mung dianggep kesenian biasa kaya kesenian-kesenian liyane, kang ngrembaka ing laladan Kabupaten Blitar. Kesenian tayub dipercaya minangka salah siji kesenian kang nduweni nilai magis lan nduweni estetika kang dhuwur. Krana daya magis lan estetikane iku, kesenian tayub kaya wis dadi perangan saka panguripane, utamane ing acara-acara ritual kang angel ditinggalake.
Ngrembakane kesenian tayub iku ora mung kena pengaruh faktor hiburan, nanging ana faktor kang luwih dominan kang melu nyengkuyung lestarine kesenian iki, yaiku kepercayaan kuna kang isih dipercaya dening masyarakat, miturut sumber lisan sing isih percaya, yen saben desa nduweni dayang, yaiku sabangsane roh alus kang njaga desa. Dijlentrehake yen roh alus kang nglindhungi desa kasebut asale saka arwah cikal bakal kang nglairake desa, yaiku tokoh pawongan kang nurunake warga desa. Dayang dipercaya isih ngawasi, mbimbing, momong lan nglindhungi warga desa saka maneka wujud ancaman lan maneka mara bahaya saka njaban desa. Mula saka iku, banjur padha mikir yen wis sapantese dayang desa pikantuk pangkurmatan kanthi menehi suguhan kang dadi kesenengane.
Minangka wujud atur panuwune marang leluhure, ing acara sedhekah bumi iku maneka sesajian banjur digawe lan diwenehake marang para dayang. Sabanjure, masyarakat sing percaya dayang kang njaga desane seneng kesenian tayub, ing acara sedhekah bumi iku banjur nggelar acara seni tayub. Alasane, padha kuwatir yen tanpa anane seni tayub ing acara ritual sedhekah bumi, dayang desa bakal nesu. Akibate dumadi bab kang ora dikarepake (musibah utawa gagal usaha/panen).
Generasi mudha duwe panemu yen kepercayaan kasebut ora masuk akal lan takhayul. Sabanjure nyoba ngilangi kesenian tayuban, ing acara ritual sedhekah bumi. Acara tayuban banjur diganti acara-acara kang nduweni nuansa agama, yen sedhekah bumi kang dianggep musrik dening generasi mudha, tembung sedhekah bumi banjur diganti dadi shodakoh bumi. Kanthi maksud ora kanggo persembahan marang para dayang kang njaga desa. Nanging tujuwan shodakoh kanggo amal, kaya kang diajarake agama Islam.
Bab iki asring dumadi ing desa-desa kang generasi mudhane wiwit nyinaoni agama kanthi temen. Pola pikire owah, krana pengetahuan agama sing dikuasai. Mula saka iku, banjur nyoba ngilangake kesenian tayub ing acara ritual tayuban sedhekah bumi. Emane, embuh sacara kebeneran utawa ora, sapungkure acara iku dilaksanakake ana prastawa kang ora dikarepake ing desa kasebut. Nalika ora bisa apa-apa, pungkasane banjur nyetujoni dhesekan golongan tuwa kang nuntut dianakake pagelaran tayub minangka tebusan krana kelancangane. Ironise sawise dianakake susulan acara tayuban maneh, sacara alon-alon bencana kang lumaku banjur mandheg. Prastawa kaya iku pancen ora bisa dibuktekake sacara ilmiah.
Prastawa liya kang meh padha kang nggeser kesenian tayub saka acara ritual sedhekah bumi yaiku kanthi nggelar acara kesenian liya, kayata pentas dhangdhut, campursari, utawa liyane kang dianggep modern. Bab iki uga ngalami nasib kang padha kaya kedadeyan ing desa liya kang padha-padha nduweni pakulinan ing sedhekah bumi nggelar acara tayuban. Mula wajar yen wong banjur nganggep tayuban yaiku kesenian kang sakral kang nduweni daya magis. Kesenian tayub dianggep kesenian kang didhemeni para roh, kang mapan ing desa. Saliyane iku uga percaya yen ing acara ritual iku para roh melu nayub, nyusup ing ragane priya sing njanggrung (njoged) bareng ledek. Prastawa-prastawa kaya kasebut ing dhuwur dianggep yen para roh leluhur murka, ora gelem nglindhungi desa maneh (nekakake mara bahaya). Sabenere tuladha-tuladha kasebut njelasake yen kesenian tayub minangka sawijining wujud kesenian kang banget berpengaruh marang panguripan masyarakat. Embuh iku ana sambung rapete karo religi lan sosial budaya, ing dhaerah-dhaerah tartamtu ing laladan Kabupaten Blitar. Bab iku uga diartekake yen kesenian tayub minangka perangan saka panguripan sawijining dhaerah tartamtu kang angel ditinggalake utawa diganti karo kesenian liyane.
Kesenian tayub minangka wujud kesenian rakyat kang banget digandrungi ing laladan Kabupaten Blitar, utamane ing kalangan masyarakat kelas menengah mangisor. Nadyan saperangan masyarakat kang ora seneng nganggep negatif, mbokmenawa ora uwal saka anggepan yen tayuban asring diidentikake karo pornografi, inuman keras, lan maneka istilah negatif liyane. Nanging, anggepan iki dibantah dening para pandhemen kesenian tayub. Sebab ing dhasare kesenian tayub nyerminake sifat-sifat kautaman, keprasajan, kekeluwargaan, humor, hiburan lan liya-liyane.
Pandhemen kesenian tayub kang rata-rata saka golongan menengah mangisor iku dumadi saka pensiunan, pegawai negeri, swasta, petani, sarta masyarakat awam kang nduweni jaringan kang apik banget. Ing antarane padha menehi informasi saben ana pagelaran tayub. Saliyane iku uga padha nyumbang yen salah siji ing antarane pandhemen kesenian tayub nekakake pagelaran tayub ing acara sunatan, utawa penganten. Ndeleng mangsa pasar pandhemen kesenian tayub kang cukup lumayan akehe ing laladan Kabupaten Blitar, narik pengusaha nggawe radio komunitas, kang mligi nyiarake gendhing-gendhing tayub. Radio kanthi jeneng Tayub Jaka Mlarat kang mapan ing tapel wates Blitar-Tulungagung, saliyane nyiarake gendhing-gendhing tayub Jaka Mlarat, studio radio iku uga minangka ajang menehi informasi pementasan tayub. (*)