GuidePedia

 http://arifinsupardan.files.wordpress.com/2012/01/ghiboo-com.jpg
Bayangke wae saupama kita jro­ning kahanan kudu download aplikasi uta­wa game ing tablet utawa smartphone, nanging ora nduweni koneksi internet uta­wa kita lagi ora pengin migunakake ko­neksi saka smartphone utawa tablet mau, apa sing kudu kita tindakake, mangka ing nalika kuwi uga koneksi uta­ma kita ora nduweni wireless router?

Pranyata solusine gampang, yakuwi kan­thi manfaatake komputer utawa PC kang nyambung via USB menyang jari­ngan internet. Nanging piye carane ya?

Ora perlu bingung, merga kita sate­mene bisa join jaringan internet saka kom­puter kanthi ngaktifake fitur ad hoc. Mung wae fitur iki rada ribet. Sing paling gampang kuwi yakuwi kanthi migunakake aplikasi Wi-Host.

Wi-Host yakuwi aplikasi portabel kang entheng banget lan gedhe gunane, kang­gone kita kang pengin andum koneksi jaringan internet liwat laptop utawa komputer karo piranti liyane kayadene smartphone, tablet utawa notebook pisan. Aplikasi iki bisa dipigunakake kanthi apik ing komputer kang mawa basis Windows Vista, Windows 7 lan Windows 8. Luwih jelase, ayo kita coba nganggo aplikasi iki…

· Download dhisik aplikasi Wi-Host ing kene: http://media.askvg.com/files/Wi-Host.zip

· Sawise rampung didownload, la­kokna aplikasi mau ing komputer kan­thi cara ngeklik kanan ing shortcut aplikasi, banjur klik Run as Adminis­trator. Kaya gambar ing ngisor iki tampilan interface Wi-Host. Pisanan sing kudu ditindakake yakuwi mriksa apa adaptor WiFi kita nyengkuyung host network feature, carane yakuwi klik Hosted Network Support. Yen muncul pesan Your Wi-Fi adapter supports Hosted Network mula kita bisa nerusake proses sabanjure.



· Langkah sabanjure ya­kuwi klik menu tab Setup Hosted Network. Ing ba­gian iki lebokna New Network Name (SSID) kanthi jeneng jaringan sembarang, banjur Hosted Network Key diisi 8 karakter kata sandhi. Sabanjure klik tombol Set­up Network mula bakal muncul konfirmasi, dieloni wae kanthi ngeklik tombol OK.



· Ing langkah pungkasan biasane kita dikon mesthekake maneh yen kita temen-temen pengin mbukak akses kanggo komputer liya merga sacara default Windows ora ngaktifake fitur iki, klik wae tombol Open Network Connections.



· Klik kanan ing adaptor wireless kita lan klik Properties banjur klik menu tab Sharing sarta cawangen kothak Allow other network users to connect through this computer’s In­ternet connection lan klik OK.



Wis beres, saiki kita wis nduweni hotspot pribadi kanthi manfaatake komputer utawa laptop kang ana kanggo hotspot migunaake aplikasi Wi-Host. Kita bisa nindakake hubu­ngan internet kanthi migunakake smartphone utawa tablet kanthi gampang Nuwun

Beli yuk ?

 
Top