GuidePedia



Kori Kamandungan lan Panggung Sangga Buwana Kraton Surakarta

Sejarah Bengawan Solo lan kutha Solo ing jaman kawuri tumekaning saiki ora bisa dipisahake. Lelorone misuwur banget saengga bisa dadi sumber inspirasine Eyang Gesang Martohartono ngripta lagu Bengawan Solo ing taun 1940.

Atusan taun kepungkur bengawan sing dawane 527 km (saka pegunungan Sewu Wonogiri tumekaning Gresik) kuwi nduweni arti penting kanggo srana transportasi lan perdagangan, uga srana ngrembakane peradaban ing tlatah Jawa wiwit jaman Majapahit tumekaning Kraton Kasunanan Solo.

Heri Priyatmoko (kabutinstitut.blogspot.com, 28 Juli 2008) ngandharake, ing abad XVIII, saka Bandar Beton, Nusupan, Semanggi lan Mojo saben taun ing mangsa rendheng 24 prahu gedhe kagungane Keraton Surakarta layar ing Bengawan Solo tumuju Gresik kanggo ngangkut uyah. Ing antarane perahu kagungane Sinuhun kuwi ana sing dijenengi Rajamala sing digawe nalika jumenenge Paku Buwono (PB) IV.

Paku Buwono IV (1788-1820) nggunakake Prahu Rajamala tindak Gresik mapag putri Pamekasan (Madura) kanggo dilamar minangka garwa padmi. Layar pungkasan Rajamala menyang tanah sabrang dileksanani PB VII (1830-1858) nalika mapag putri saka Bangkalan (Madura), putri Sultan Tjakraningrat.

Sejarawan Solo, MT Arifin ing acara Festival Gethek Bengawan Solo 2013 sing dibudhalake saka Kampung Ngepung (10/11/2013), ngandharake nalika jaman Majapahit, Bengawan Solo nduweni 44 tambang gedhe. Bengawan Solo wiwit surut minangka srana transportasi kali nalika dibangun rel sepur jalur Solo-Semarang lan Solo-Surabaya taun 1870.

“Wusanane ing taun 1900, tambang utawa pelabuhan gedhe sing mapan ing sapinggire Bengawan Solo minangka punjering tlatah dagang wiwit ora kocap maneh. Pusat perdagangan pindhah saka tambang-tambang ing sapinggiring bengawan menyang kutha sing diliwati jalur sepur,” pratelane MT Arifin.

Satemene bengawan sing ngliwati 11 kabupaten ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan kuwi nduweni sujarah sing dawa lan ngedab-edabi wiwit jaman purba tumekaning jaman modern iki. Akeh kahanan sing ngalami owah-owahan.

Ing buku Ekspedisi Bengawan Solo (Penerbit Buku Kompas, 2008) nyebutake, tahun 1949 ahli geologi saka Walanda, RW Van Bemmelen, nate nulis bab dumadine proses tektonik arupa pengangkatan daratan sing dumadi ing saperangan kidul tanah Jawa.

Kedadeyan kuwi diyakini saperangan ahli geologi sing njalari aliran Bengawan Solo owah. Mbiyen Bengawan Solo mili ngarah ngidul tumuju Samudra Hindia, dene saiki mili ngalor menyang Segara Jawa. Prastawa kuwi dinuga dumadi patang yuta taun kepungkur.

Saiki saperangan alur miline Bengawan Solo Purba kuwi isih bisa disawang jelas ing tlatah Telaga Suling, Desa Pucung, Kecamatan Girisubo, Kabupaten Gunung Kidul, kurang luwih 80 km sisih wetan kidule kutha Yogyakarta. Pantai Sadheng dinuga minangka muarane Bengawan Solo Purba.

Kutha Solo Rawan Banjir

Lukisan Bengawan Solo ing tahun 1860

Kutha Solo ora bisa dipisahake karo Bengawan Solo, jalaran pancen diliwati kali paling dawa ing tanah Jawa kuwi. Kraton Kartasura pindah menyang Desa Sala taun 1745. Sakdurunge kawangun Kraton Surakarta, kahanan ing papan kuwi lan sakiwa tengene arupa rawa lan kedhung, sing nuli diurug nganggo lemah saka Desa Talawangi (Kadipala) lan Kratonan.

Kraton kepeksa pindhah jalaran Kraton Kartasura wis rusak lan ora pantes dilenggahi ratu, karana anane ontran-ontran. PB II nuli ngutus Patih Pringgalaya, Patih Sindureja, lan Mayor Joan Andios Baron Van Hohendorff (uga didherekake abdi dalem Tumenggung Honggowongso lan Tumenggung Mangkuyuda), golek papan anyar kanggo mindhah kraton.

Ana sawetara papan diusulake. Ing buku Babad Sala (RM Sajid), Mayor Hohendorff usul becike ing Desa Sala wae, jalaran gampang anggone nekakake kayu jati saka alas kidul. Ora kurang tenaga kang nandangi, lan maneh ora kuwatir kekurangan beras jalaran cedhak karo Panaraga. Lan menawa Ingkang Sinuhun kagungan kersa ngirim utusan menyang Gresik lan Surabaya bisa metu kali gedhe.

Patih loro-lorone ora sarujuk jalaran Sala dununge ledhok banget, yen udan mesthi keleban banyu. Nanging Hohendorff tetep ngukuhi penemune. Bisa dimangerteni sikepe Mayor iki, jalaran Sala pancen dumunung sapinggiring kali gedhe, strategis banget, lan gampang yen ta ditekani saka pesisir manawa kepeksa.

Dadi sejatine wiwit mula bukane wis dimangerteni dene Kraton Surakarta lan tlatah ing kiwa tengene pancen rawan banjir. Panggonane ledhok akeh rawa lan kedhunge jalaran katrajang kali akeh. Ora mung kampung ing sapinggire Bengawan Solo. Kampung pinggiran Kali Pepe sing ngliwati tengah kutha Solo uga dadi langganan banjir.

Miturut ngendikane para pinisepuh, jaman biyen ana kampung jenenge Loji Wurung. Geneya diarani Loji Wurung? Mbiyene kampung sing manggon ing pinggire Kali Pepe ing sacedhake Balaikota Solo kuwi jenenge kampung Krapyak.

Jaman semana Praja Kraton Kasunanan Surakarta lan Kolonial Walanda wiwit mbangun gedhung ing papan kuwi, nanging tansah kebanjiran. Wusanane gedhung wurung dibangun, jalaran asring kebanjiran. Nuli kampung kuwi diarani Loji Wurung. Dene ing alam kamardikan, jeneng kampung owah dadi Kampung Baru.

Jalaran akeh wilayah ing njero kutha Solo sing kebanjiran, mligine kebanjiran ing mangsa rendheng saka mbludage Bengawan Solo, mula Paku Buwono X kagungan sedya gawe sudetan kali lan mbangun tanggul kanggo mbetengi kutha Solo ing mangsa rendheng.

Tanggul Kutha Solo

RM Sajid ing Buku Babad Sala ngandharake, ing kutha Sala taun 1900 (jaman PB X lan Mangkunegara VI) kawangun tanggul kanggo nanggulangi bebaya banjir, disaranani kanthi nyudhet Kali Pepe. Ing dhusun Munggung dibangun pintu air (lor Terminal Tirtonadi). Banyu kali Pepe diilekake ngetan liwat Kali Anyar (Banjir Kanal) lor kutha nganti tekan bengawan.

Ing sisih kidul kutha Solo, kali Premulung sing mili ngarah mlebu kutha – sabanjure dijenengi Kali Jenes – disudhet ngarah ngetan, nuli dijenengi Kali Tanggul sing mili mangetan liwat saklore dhusun Nusupan.

Dene sing katrajang ditanggul, wiwit saka kampung Tipes, mangetan tumekaning kampung Mipitan lan Semanggi Kidul, nuli nekuk ngalor nganti tekan kampung Sorogenen Wetan, penere kidul Pejagalan.

Dene ing sisih lor kutha, wiwit saka lor Balekambang ing dhusun Sumber, mangetan tumekaning Kenthingan dibangun tanggul turut pinggir kali. Ing mangsa rendheng diajap iline banyu ora mbleber mlebu kutha.

Wanci kuwi uga Bengawan Solo dilurusake (normalisasi). Jaman biyen aliran Bengawan Solo penere ora ing wetan tanggul, nanging sakulone. Asline saka Nusupan aliran kuwi menggok nyerong ngulon nuli ngalor lurus, ngliwati tlatah Semanggi, Sampangan, Sangkrah, nuli sakwetane Stasiun Kota menggok nyerong ngetan nganti tumekaning tempuran Kali Pepe (sakwetane pintu air Demangan).

Tilas aliran Bengawan Solo lawas kuwi nuli diurug. Ana sing tumuli dadi dalan, lan ana uga sing dadi pomahan. Kaduga papan ing saindenging Jl. Se­-manggi ndisike minangka alirane Bengawan Solo lawas sing mapan ing kulon tanggul.

Bengawan Solo dilurusake wiwit saka Nusupan (tempuran Kaliwingko lan Bengawan Solo) lurus ngalor tu-mekaning wetan pintu air Demangan (ora mlebu kutha). Dadi nalare kam-pung Ngepung kuwi ndhisike ora ing kulon bengawan, nanging ing wetane.

Yen bab urug-urugan, ora mung tilas Bengawan Solo sing diurug. Miturut para sesepuh, Jl. Slamet Riyadi, mbiyene minangka kali sing lumayan gedhe. Nalika jaman kolonial saperangan kali kuwi diurug saka kulon tekan tengah kutha, nuli digawe dalan gedhe lan rel sepur. Wektu kuwi jenenge Wilhelmina Straat, ngadopsi jenenge Ratu Landa nalika sakmana. Sanadyan wis kawangun tanggul, nanging tetep durung 100% aman banjir. Tanggal 15 Maret 1966 Solo ngalami banjir gedhe, jalaran wanci kuwi perangan tanggul sisih kidul jebol. Banyu kaya disokake mlebu kutha, saengga akeh bangunan penting kerendhem banyu. Tugu jam ngarep Pasar Gedhe sing dhuwure meh 3 m, nalika sakmana mung katon pucuke.

Beli yuk ?

 
Top