KP Winarno Kusumo
Hadiningrat nganake prosesi ritual sakral ‘wilujengan nagari mahesa lawung’ kanthi sesaji mligi endhas (sirah) kebo umbaran ( kebo enom, sing tenagane durung kanggo) kabeh mau minangka pralambang ngubur kebodhoan, awit kanggone wong Jawa kebo mono minangka ila-ilane wong bodho longa-pongo kaya kebo.
Prosesi ritual sakral sing digelar dina Senen Wage ( 11/3) kuwi ing alas Krendawahana, Desa- Kecamatan Gondangrejo, Karanganyar, Jawa Tengah sing ambane kurang luwih 5000 meter persegi kuwi uga minangka sarana umbul donga supaya pihak trah dinasti Mataram kalis saka rubeda lan rencana. Ritual sakral wilujengan nagari mahesa lawung iki kanggone pihak kraton Kasunanan Surakarta dilakoni saben taun sepisan, ing pungkasane wulan Rabingulakir (petung tanggal jawa).
Mula saka kuwi sedina sadurunge, Minggu Pon (10/3) esuk para punggawa (pemangku adat) kraton, wiwit abdi dalem, sentana, prajurit lan para ningrat ing njero kraton katon padha iwut nandangi kuwajibane dhewe-dhewe. “Ing dina Minggu esuk aku lan saperangan punggawa kraton kudu wis njupuk ubarampe sesaji endhas kebo umbaran, sing wis dipantha-pantha saperangan awake, yaiku sikile 4, mripate loro, sirah nganti tekan buntute saka Demak, “ ujare KP Winarno Kusumo Wakil Pengageng Sasana Wilapa, Kraton Surakarta marang wartawan klebu PS
Winarno miterang, ubarampe sesaji mligi endhas kebo umbaran iku sakwise tekan kraton banjur di bakar tanpa bumbu ing Gondorasan (panggonan mligi kanggo masak), sing manggon ing njero beteng kraton), isih ditambah ubarampe liyane minangka sing ngamping-ampingi, kayata bekakak, walang-walang ketaga (saperangan jenis walang), sega golong sakwernane ketan lan jajan pasar, uga ditambah pitik cemani.
Kabeh sesaji sing wujud kewan di bakar tanpa bumbu, awit para mahkluk alus (lelembut) sing manggon ana alam gaib mono pancen mbutuhke sesaji daging sing anyep-anyep. Pas ing dina Senen Wage (11/3) antara jam 9 esuk prosesi ritual wilujengan nagari mahesa lawung iku kawiwitan. Katon arak-arakan para prajurit lan abdi dalem Kraton Kasunanan Surakarta padha ngusung jodhang isi sesaji.

Sesaji Mahesa Lawung nalika metu saka kraton
Kanthi cucuk lampah sesaji endhas kebo sing dibungkus mori putih sing dipanggul abdi dalem cacah 6. Arak-arakan kuwi metu saka Kampung Gondorasan tumuju bangsal Srimanganti, Manggangan, Gedung Melati lan pungkasane mandheg ing Sitihinggil kanggo disanggarake lan didongani para ngulama kraton sing dipimpin dening KRAT Pujodiningat. Banjur sewernane ubarampe sesaji sing wis sumadya mau diusung maneh, sakwise oleh palilah saka KGPH Puger.
Kanjeng Gusti Pangeran Haryo (KGPH) Puger mono, minangka adhik kandhunge Paku Buwono XIII, sing uga minangka Penganggeng Pariwisata lan Museum Kraton. Rombongan punggawa sing padha ngusung sesaji mau banjur diangkut rong bis sing ditutake dening puluhan wong sing bakal melu upacara wilujengan nagari mahesa lawung ing alas Krendhawahana, sing jarake udakara 25 kilo meter saka kraton mengalor.

Kratone Bethari Durga.
Sakwise tekan panggonan sing dituju, kabeh ubarampe sesaji uga diarak mlebu gapura alas Krendhawahana sing kondhang wingit, sing dipercaya minangka kumpule para lelembut sing dikuwasani dening Bethari Durga kanggo disanggarake ing ngisor wit ringin putih. Saperangan wong percaya ya ing wit ringin putih kono minangka kratone Bethari Durga. Sakbanjure, kabeh kawula kraton banjur padha lungguh sila ngadhepake wit ringin putih sing wis kebak sesaji.
Salah siji abdi dalem nalika umbul donga ing ngarep wit ringin putih
KRAT Pujodiningrat, minangka pemimpin donga lungguh ing dheretan paling ngarep, ing sakiwa tengene ubarampe sesaji mau wis cumepak anglo kanggo nyumet menyan ratus, uga dupa wangi lan saperangan kembang setaman. Nalika kabeh menyan lan dupa wangi disumet, wis sakmesthine yen kebule banjur nuwuhke ganda arum sing khas, gawe mrindinge wong sing ora kulina nglakoni bab-bab sing sakral.
Ora suwe maneh, prosesi ritual umbul donga kawiwitan, KRAT Pujodiningrat maca sawernane donga nganggo Basa Jawa lan Basa Arab sing banjur diamini puluhan wong sing ana kono kanthi pangucap rahayu…rahayu…rahayu wola-wali, nganti tekan panutuping donga sing udakara suwene ora kurang saka seprapat jam. Kabeh ubarampe disanggarake, mung mligi endhas kebo umbaran kuwi di lorot kanggo di kubur ing sisih kulone wit ringin putih.
Makna lan filosofi saka prosesi ritual ngubur endhas kebo mono, ujare KP Winarno Kusumo, kanggo ngilangake bringase kebo umbaran saka sipat angkara murka, iri lan drengki, saengga sing isih mung sipat wicaksana lan berbudi bawa leksana.”Sakliyane ngalisake sipat manungsa sing elek sing kebak kesrakahan. Kebo mono identik karo kebodhoan, mula kudu di kubur” pratelane Winarno

Perang Jin
Bekakak uga klebu sesaji ing wilujengan nagari Mahesa Lawung
Sakwise kuwi wiwit saka para putra putri kraton, kerabat, para ningrat uga abdi dalem urut maju mbaka siji ing ngarep sesaji kanggo nglakoni prosesi panyuwunan secara pribadi. Banjur kepriye muasale prosesi ritual wilujengan mahesa lawung, saengga bisa didadeke tradhisi dening pihak Kraton Kasunanan Surakarta? Manut serat pustaka raja lan Wita Radya, Kraton Kasunanan Surakarta, upacara ritual wilujengan nagari mahesa lawung iki wis lumaku wiwit taun 387 kanthi candra sengkala Pujaning Brahmana Guna.
Ing zaman keemasane Sri Prabu Aji Pamasa, saka Kraton Pengging, ketekan mungsuh sing tandange ngedab-edabi lan nggegirisi, apa maneh mungsuh mau uga direwangi atusan jim lan siluman sing nduweni sipat beringas saka kerajaan Imantaka. Meruhi kedadeyan kuwi ing njero Kraton Pengging sing ora siyap sakdurunge saknalika dadi tintrim, kabeh, prajurit lan masyarakat sakiwa tengene padha miris lan keweden, padha mbujung keslametane dhewe-dhewe.
Malah Aji Pamasa dhewe ngrumangsani bakal kewalahan yen kudu ngadhepi mungsuh sing kaya mangkono polahe, mula saka kuwi Aji Pamasa ngutus patih Tambakbaya supaya njaluk pambiyantu marang Bethari Kalayuwati, salah sijine putrine Bethari Durga, penguwasa jin, priprayangan lan lelembut sing manggon ing alas Krendhawahana. Nanging, sakwise patih Tambakbaya ngadhep Bethari Kalayuwati minangka utusane Aji Pamasa.
Bethari Kalayuwati malah banjur miterang, bab ketledhorane Aji Pamasa, sing saksuwene iki Aji Pamasa dianggep mung nengenke bab lahiriah ing kerajaan wae, saengga lali menehi sesaji marang para gaib ing sakiwa tengene. “Mula saka kuwi yen Aji Pamasa pengin bisa ngalahake mungsuhe mau kudu gelem menehi sesaji wujud endhas mahesa lawung (endhas kebo umbaran) ing alas Krendhawahana.

Para kawula kraton sing melu wilujengan nagari mahesa lawung
Krungu panjaluke Bethari Kalayuwati sing kaya mangkono mau, mula Aji Pamasa enggal-enggal ngutus para kawulane kanggo nyedhiayani endhas mahesa lawung sarta ubarampe sesaji liyane kanggo disanggarake ing alas Krendhawahana. Sakwise sesaji dicawisake, mula Bethari Durga, Bethari Kalayuwati sarta jin, peri prayangan, lan kabeh jenis lelembut andhahane dikerahake kanggo nganake serangan balesan marang Kerajaan Ima Imantaka.
Ora gegancangan wektu sing suwe prajurit Ima Imantaka kewalahan lan mundur saka peperangan. Takluk ! Sesambungan karo bab iku mula kraton-kraton ing Pulo Jawa mligine Trah Kerajaan Mataram yen kepingin kalis saka rubeda lan rencana kudu gelem nggelar prosesi ritual wilujengan nagari mahesa lawung saben setaun sepisan. Mligi kanggo Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat milih waktu, adhedhasar sejarah sing wis lumaku wiwit Paku Buwono II.
Yaiku nalika Kraton Kartusura pidhah ing Desa Sala lan madeg Kraton Kasunanan Surakarta ing dina Selasa Pon, 17 Sura tahun Je 1670. Nah, sakwise satus dina madege Kraton Surakarta oleh kanugrahaning Gusti saengga oleh keslametan. Sinuwun PB II banjur nggelar wilujengan nagari mahesa lawung, sakbanjure dilestareke lan di uri-uri minangka tradhisi turun-temurun nganti saiki, amrih pinanggih wilujeng ing sakabehe. (Kang Hong)

Dapatkan Wisbenbae versi Android,GRATIS di SINI !
Lihat yg lebih 'menarik' di sini !
Follow @wisbenbae