GuidePedia

http://tambakberas.or.id/wp-content/uploads/2013/06/JEJAK-PANGERAN-DIPONEGORO-DI-PESANTREN-TUA.jpg
Pangeran Dipanegara

Miyos ing Jogjakarta 11 Nopember 1785 kanthi asma Mustahar, Pangeran Dipanegara putra pambarepe Hamengku Buwana III patutan klawan R.A. Mangkarawati, garwa ampeyan sing dipundhut saka Pacitan. Ngrumang­sani jejere minangka putra saka garwa selir, Raden Mas Antawirya, asma ti­mure Pangeran Dipanegara ora kersa kajumenengake nata nglungsur pa­lungguhane ingkang rama.

Dipanegara luwih katrem nyinau ngelmu agama lan nyedhaki kawula cilik. Mula Kanjeng Pangeran luwih seneng dedalem ana Tegalrejo katim­bang dadi bangsawan kraton. Na­nging sesambungane Dipanegara kla­wan kraton dadi rengat sawise Ha­mengku Buwana V sinengkakake ing ngaluhur taun 1822. Dipanegara se­jatine kaangkat minangka wali angem­bani ratu sing umure isih 3 taun kuwi. Wondene paprentahan kraton sedina-dinane dikemudhi dening Patih Danureja sing didombani Landa. Ewa­semono aturane Patih Danureja mau ora njalari sarju penggalihe Pangeran Dipanegara.

Dipanegara sangsaya sengit kla­wan Landa sawise tentara asing iku masang pathok-pathok ing lahan ka­gungane leluhure ing Tegalrejo. Ru­mangsa dikilani dhadhane, Pangeran Dipanegara banjur ngerek gendera kraman. Atas pamrayogane pamane, Pangeran Mangkubumi, Dipanegara ban­jur ninggalake Tegalrejo lan yasa markas perlawanan ana Guwa Selarong. Dipa­negara entuk panyengkuyunge Kyai Ma­ja, ulama saka Surakarta, Pakubu­wana V lan Bupati Gagatan, Prawiradigdaya. “Perang sabil lumawan kaum kafir” sing dikumandhangake Dipanegara nggawa pangaribawa engga tekan Pacitan.

Sasuwene Perang Dipanegara, Wa­landa ngalami kapitunan gedhen, kela­ngan 15.000 tentara lan entek ragad 20 juta gulden. Maneka cara digunakake kanggo ngrangket Dipanegara, klebu sa­yembara mawa bebungah dhuwit 50.000 gulden marang sok sapaa sing bisa mikut Dipanegara. Perang Dipanegara mujud­ake perang Jawa sing paling suwe lan nguras tenaga tumrap Landa. Dipane­gara angel dikalahake awit sugih strategi. Upamane, kanggo ngimbangi sanjata­ning Walanda, prajurit pendhereke Pa­ngeran Dipanegara asring ngrabasa mungsuh ing mangsa udan. Perang ing mangsa udan mujudake pasiksan tumrap tentara Landa awit akeh anggotane sing kaserang wabah malaria.


Lukisan karyane Nicolas Pieneman nggambarake Pangeran Dipanegara dipikut dening Jendral De Kock

Kodheng ora tumuli bisa nyekel Dipanegara, Landa ngerigake wadya bala cacah 23.000. Gunggung pasukan se­mono gedhene mau kacathet minangka tentara paling akeh sing diketabake ing perang modern kanggo wilayah sing ora pati amba kaya ing Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Nanging taun 1927 laskar Di­pa­­negara wiwit kedheseg sawise Lan­da ngecakake taktik “perang beteng”. Dipanegara sangsaya kepepet bareng rong taun candhake Kyai Maja kasil ke­pikut mungsuh. Wondene senapati piyandele Dipanegara, Sethot Alibasya Prawiradirja, nungkul.

Tanggal 28 Maret 1930 pasukane Jendral De Kock bisa njepit wadya balane Dipanegara ing Magelang. Pangeran Dipanegara wusanane sa­guh ngadani rundhingan kaya pan­jaluke De Kock sauger anggota laskare ora dikatut-katutake dosane. Nanging ing rundhingan mau Pangeran Di­panegara malah dipikut. Panjeneng­ane banjur digawa menyang Ungaran, sadurunge katerusake menyang Ba­tavia, tanggal 5 April 1930.

Satekane Batavia tanggal 11 April 1930, Pangeran Dipanegara ditawan ana Stadhuis (saiki Museum Fata­hillah) karo ngenteni keputusane Gu­bernur Jendral Van den Bosch. Tang­gal 30 April 1930 Gubernur Jendral mutusake me­nawa Pangeran Dipane­gara diselong menyang Manado be­barengan karo garwane, Ratnaningsih dalah para pen­dhereke, kaya dene Dipasana, Batheng Wareng lan Nyai Satruna. Tanggal 3 Mei 1830 rombo­ngane Pangeran Dipane­gara dibu­dhalake menyang Manado numpak kapal Polux.

Ing Manado Dipanegara ditawan ana Beteng Amsterdam. Patang taun candhake Dipanegara dipidhah me­nyang Beteng Rotterdam, Makassar engga sasedane taun 1855.


Beli yuk ?

 
Top