GuidePedia

0
https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEj4DmRoUjmpOtjs5lVHtF7pccSoG02n8PWMgmrdXPcaNFM_xQcIFGNOVI6jQs-CL7UwFFD2ifcQShMoc_g_DD9PDN6Dv3b-dDJ1aOXsaa0SQLQxBYqVFTqEbI__wIrzhNnlht2V/s1600/92PRANATA+CARA.jpg

Kula nuwun,

Kaparenga matur dumateng panjenenganipun Bapak ……………….. ingkang jumeneng sumulih sarira penjenenganipun Bapak/ Ibu Hermawan dene sowan kula wonten ngarsa panjenengan dhapur minangka utusan sinaraya dening Bapak/ Ibu Rochmad Ibrahim sagotrah.

Langkung rumiyin kula hangaturaken kasugengan, katentreman, kabagyan miwah pepajaring Gusti Ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa lan kasarira ing panjenengan lan kula waradin sagung dumadi.

Dene awit saking sih kadarman miwah palimirmaning Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih, anggen kula sak pangombyong ngirid lampahing (calon) temanten Kakung wiwit saking griya ……….. ngantos dumugi ing sasana Pawiwahan ngriki pinaringan rahayu kalis ing sambekala lan rubeda.

Ingkang angka sepisan.

Panjeneganipun Bapak/ Ibu Rochmad Ibrahim ngaturaken kawilujenganipun mugi katur ing ngarsanipun Bapak Hermawan sakbrayat.

Kaping kalihipun.

Mboten kesupen panjenenganipun Bapak/ Ibu Rochmad Ibrahim ngaturaken salam taklim (sembah sungkem/ bekti) konjuk ngarsanipun Bapak Hermawan sekaliyan garwa.

Jangkep ingkang kaping tiganipun.

Hanetepi rerantaman ingkang sampun karembag dening para-para ingkang samya amamangun bebesanan, sowan kula ing ngriki kinen anggandhek (calon) temanten kakung ingkang peparab bagus Dwi Harriyadi ST. ingkang badhe kadhaupaken (kaijabaken) kaliyan atmaja putrinipun Bapak/ Ibu Hermawan ingkang asesilih kusumaning ayu Dyah Dissi Elfandari AMd.

Ingkang punika mbok bilih samudayanipun sampun jangkep ing reh tata rakiting upacara, kula sumanggakaken anggenipun badhe enggal anindakaken tumapaking adicara kasebat.

Mawantu-wantu panyuwunipun Bapak/ Ibu Rochmad Ibrahim sabrayat, kapareng handerek memuji ing Ngarsa Dalem Gusti, mugi tumapaking adicara dhauping (ijabing) temanten sarimbit tansah ingayoman dening Pangeran Ingkang Maha Asih, wintu ing karahayon uwal saking sakathahing reribet.

Ing wasana, kirang trapsila pisowan kula sumrambah para kadang waris pangayabing Temanten kakung, punapa dene kithal kuciwaning atur ingkang boten nuju prana, labet kula inggih namung titah sawantah ingkang boten saged uwal saking sakathahing dosa miwah kalepatan, kanthi andhap asoring manah kaparengna anyadhong lumunturing sih pangaksami.

Hayu-hayu rahayu ingkang samya pinanggih,

Nuwun. 
 

Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top