GuidePedia

0
Sega Bumbu Roomo

Ing Gresik ana panganan khas yaiku Sega Bumbu Roomo. Ngeneni sejarahe wis tau kapacak ing Wisbenbae. Dene saiki, bakal kapacak resepe Sega Bumbu Roomo. Para ibu kang kepengin nyoba, sumang­ga!

Bahan adonan gawe Sega Bumbu Roomo iki mayar banget, yaiku:

Yen gawe adonan siji, bahan kang dibutuhake:glepung beras giling ½ kilogram,klapa wutuh siji diparut/digiling digawe santen (ampas parutan klapa aja dibuwang, awit mengkone dicampur ka­ro ampas saringan bumbu kang banjur digoreng sangan kang sabanjure diarani Poyah). 

Bumbu adonan dumadi saka:

lombok abang gedhe cilik ¼ kilogram,ketumbar 1,5 sendhok,bawang putih ½ ons,urang ½ ons,trasi sacukupe. 

Bahan bumbu kabeh mau diuleg, di­tambah banyu sacukupe banjur disaring. Ampas bumbu dicampur karo ampas kla­pa, banjur disangan saengga diarani Po­yah kaya kasebut ndhuwur.

Carane masak olahan: 

Sedhiyakake banyu sacukupe digo­dhog nganthi umob.

Glepung beras, bumbu saringan, santen dicampur dadi adonan lan diuleni rata.

Banjur mbaka setithik ditambah ba­nyu kang wis umob mau.

Sabanjure digodhog sandhuwure kom­por kurang luwih 30 menit nganti mateng kayadene bubur.

Rerangken liyane minangka sayuran, yen dhek jaman biyen lumrahe nganggo pucuk godhong kuncuk [sabangsa mangrove]. Amarga jinis sayur kuwi saiki wis angel golekane, banjur para bakul nggu­nakake godhong kates utawa tela kaspe minangka sayur rerangkene. Yen isih ke­pengin nambah ana sambele, cara pang­gawene uga kaya yen gawe sambel lum­rahe wae. Rerangken liyane luwih pas yen dikantheni krupuk saka urang utawa tengiri. Bisa uga krupuk puli.

Sabanjure panatane menu mawa urutan: kawiwitan sega utawa irisan lon­thong sacukupe diseleh ing pincuk. Sa­ndhuwure sega/irisan lonthong diwuwuri sayur godhong kates utawa tela kaspe kang sadurunge wis digodhog lan dipe­res banjur dirajang cilik – cilik. Banjur bu­bur/bumbu Roomo diwuwur rata, dikanteni Poyah, sambel sacukupe lan krupuk. Sendhoke nganggo suru saka su­wekan godhong gedhang (A. Manan S.)


Jagung Bose

Jagung Bose

Saka Gresik, ayo nyabrang tekan Flores, NTT. Ing Ende, Flores, NTT, ana panganan khas kang arane Jagung Bose. Bose, saka basa Ende, tegese empuk. Mu­la, jagung bose mono ibarate pa­nganan saka jagung kang wis digawe empuk.

Carane nggawe uga ora angel. Ja­gung dibebek amrih kulite kang rada alot nglonthok. Banjur diayak supaya kulit-kulite kasebut misah saka daging jagu­nge. Yen wis ngono, jagung dimasak be­barengan karo kacang abang utawa se­nereg. Bisa diimbuhi santen lan uyah, amrih rasane luwih gurih.

Yen wis mateng, bisa enggal dira­habi. Nanging masyarakat Ende umume ngrahabi jagung bose kanthi lawuh lawar iwak, utawa teri kang dimangsak. Kejaba kuwi, jagung bose dipangan bebarengan tahu tempe goreng lan sambel uga ora kalah nyamleng. (nn)


Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top