GuidePedia

0



Akeh peninggalan sejarah jaman biyen sing nganti saiki isih disimpen lan karumat kanthi becik dening Pura Mangkunagaran Surakarta. Salah sijine yaiku saprangkat gamelan kang dijenengi Kyai Kanyut Mesem.

Yen panjenengan kapinujon tindak menyang kompleks Pura Mangkunaga­ran, mligine ing Pendhapa Ageng, mes­thi bakal bisa mirsani saprangkat ga­melan lawas, Kyai Kanyut Mesem je­nenge. Gamelan mau mapan ing sisih kulon pendhapa lan ing saben dinane ditu­tup kain werna ijo yen ngepasi ora ditabuh. Kajaba Kyai Kanyut Mesem, ing papan mau uga ana gamelan liyane ya­iku, gamelan Monggang, Carabalen lan Kodhok Ngorek kang biyasa ditabuh kang­go ngiringi sawenehe acara ing Mangku­na­garan.

Gamelan Kyai Kanyut Mesem ora sa­ben wektu bisa ditabuh. Mung ing wektu-wektu tinamtu wae gamelan mau digu­nakake lan ditabuh, kayata pendhak dina Rebo yaiku ngepasi para abdidalem pang­rawit nindakake latihan. Gamelan iki mung digunakake yen Pura Mang­kunagaran ngadani upacara penting.


Kyai kanyut mesem 1

Asal-usule gamelan Kyai Kanyut Me­sem dhewe nganti saiki isih nuwuhake kon­troversi mungguh asal-usule. Sape­rangan gedhe abdi dalem Mangkuna­garan ngandhakake menawa asal-usule gamelan mau saka Ponorogo. “Sing dak­ngerteni Kyai Kanyut Mesem kuwi wis ana wiwit RM Said (KGPAA Mangkuna­gara I) isih mudha. Nalika RM Said mbrontak Sinuhun PB II sing condhong marang Kumpeni Walanda. Mulane Bu­pati Po­norogo sing dadi bawahane Sinu­hun PB II banjur ditelukake,” kandhane Ngabehi Salim Wignyosarono, salah sa­wijining abdi dalem Pura Mangkunagaran.

Amerga kalah perang, kabeh barang pengaji saka Ponorogo klebu para pu­trine banjur diboyong dening RM Said lan dipasrahake marang Pangeran Mang­kubumi, mung gamelan Kyai Kanyut sing ora. Nanging Ngabehi Salim ora sa­rujuk yen gamelan mau wutuh saka Po­norogo. “Gamelan iki wis ana kawit ja­man Majapahit, banjur Demak lan Ma­taram. Ing Yogyakarta uga ana gamelan kuwi. Critane perangan-perangan game­lan sumebar lan saperangan ana ing Kabupaten Ponorogo,’’ kandhane maneh.


Kyai Kanyut Mesem 2

Asal-usule gamelan iki pancen terus nuwuhake kontroversi. Ing serat Titi­mangsa-titimangsa Wigati ing Sejarah Mangkunegaraan (1940) tulisane Sumo­hatmono disebutake yen gamelan mau asil jarahan saka Ponorogo. Saora-ora­ne ditandhani kanthi tulisan: Sabedhah­ing Panaraga Kanjeng Gusti anjarah gangsa (Kyai Kanyut) tuwin mboyong badhaya. Nanging ing Babad Lalampahan tulisane Ann Kumar sing naskah asline disimpen ing The British Library Manuscript London (duplikate ing Museum Reksopustoko Pura Mangkunegaran) nyritakake liya.

Ing Babad Lalampahan katulis mena­wa gamelan mau ana amerga dhawuhe KGPAA Mangkunegara I nalika yuswa 55 taun kaya disebut ing candra sengkala ‘’buta wyat turanggeng rat’’ (1705 Saka) utawa 1779 M. Wose, saka cathetan kuwi nandhesake asal-usule Kyai Kanyut saka jaman Mataram. Ing kono disebutake ngenani Mesem lan Carabali, sing bisa uga kuwi sebutan gamelan Kyai Kanyut Mesem. Nanging uwal saka kontroversi mau saben-saben Pura Mangkunagaran karawuhan tamu agung tansah nggelar gendhing Ketawang Puspawarna kanthi diringi gamelan Kiai Kanyut Mesem.

Wewaler

Uwal saka kontroversi ngenani asal-usule ing kanyatane gamelan Kiai Kanyut Mesem nganti saiki duwe wewaler sing diugemi lan ora ana sing wani nerak. Wewaler mungguhing gamelan Kiai Ka­nyut Mesem mau ora liya ora kena di­lang­kahi. Para pangrawit utawa abdi dalem liyane ora ana sing wani nerak wewaler mau.


Kyai Kenyut

Nate ana kedadeyan sing ora klebu nalar nalika sawijining wektu ana abdi dalem pangrawit sing ora sengaja nglangkahi perangane gamelan Kyai Kanyut Mesem. Sawise mulih tekan omah pangrawit mau ora bisa bebu­wang nganti pirang-pirang dina. “Nalika diprik­sakake menyang dhokter ora ditemok­ake tandha-tandha lara. Sabanjure sa­wise diadani ritual khusus ing sacedhake gamelan Kyai Kanyut Mesem, pangrawit mau banjur bali waras-wiris kaya wingi uni,” kandhane Ngabehi Salim.

Kajaba wewaler sing bisa nuwuhake kedadeyan sing ora nyenengake, game­lan mau pranyata uga asring ngatonake fenomena mistis sing angel ditampa akal sehat. Kayadene ngepasi malem Jumat Kliwon asring keprungu swara sawijining instrumen saka gamelan mau. Luwih-lu­wih gong Kyai Angun-angun sing mu­jud­ake instrumen saka gamelan Kyai Kanyut Mesem asring muni dhewe. “Ke­da­deyan-kedadeyan aneh sing angel di­tampa nalar asring dumadi gegayutane karo gamelan mau. Meh kabeh abdi dalem pangrawit bisa ngrasakake bab kuwi, nanging sokngonoa ora mbebayani sauger ora nerak wewaler lan neka-neka,” Ngabehi Salim mungkasi critane.

(Lintang WM)

Sumber

lanjutin di sini !

Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top