GuidePedia

0


Akeh bab kang ndadekake sakehing wong nyenengi SO Android. Salah sijine yakuwi merga ing Google Play Store ana sakehing aplikasi kanggo sistem operasi iki.

Kanggone para sutresna kang migu­nakake Android kang seneng ngoleksi lan ngedhit foto, sumadya aplikasi kang je­nenge Snapseed. Kanthi migunakake aplikasi iki, kita bisa gawe luwih endah, ngowahi lan andum foto koleksi kanthi gampang lan cepet. Senajan yen diban­dhing karo software edit foto kanggo PC, pancen aplikasi iki isih luwih sederhana. Nanging senajan mangkono asil edhitane cukup apik kok, saengga sapa wae bisa ngedhit foto-foto kang dikarepake kaya sawijining profesional.



Lan merga aplikasi iki kanggo gadget, sapa wae kang nduweni aplikasi iki ing gadget-e bisa nindakake edhiting foto ing ngendi wae.

Aplikasi Snapseed kanggo Android bias diundhuh sacara gratis saka Google Play Store.

Pancen, saliyane Snapseed, isih ana – kepara akeh, aplikasi edhit foto liyane kang­go Android kang uga gratis. Nanging, yen kita nggatekake hala­man Snapseed ing Google Play Store, kita bakal ngerti yen apli­kasi iki wis diundhuh dening yutan wong, lan luwih saka 26 ewu saka wong-wong mau menehi biji kang apik, saengga aplikasi iki nduweni rating 4.7 bintang, utawa meh sampurna. Ra­ting kang apik kaya ngene iki mesthi wae dudu tanpa alasan. Merga aplikasi iki nyedhiyani maneka fitur, kayadene fitur Auto Correct kanggo nindakake ‘penyesuaian’ marang foto mung kanthi sak dulitan wae. Ing antarane yakuwi fitur kanggo nylarasake setting gambar amrih oleh tampilan kang maremake, fitur kanggo nambah garis ing pinggir/bingkai foto, lan isih akeh maneh.


Saliyane maneka fitur edhiting kang mupangati banget, aplikasi iki uga nye­dhiyani fitur integrasi karo Google+ lan maneka layanan liyane kanggo mbantu para sutresna mamerake foto-foto kolek­sine kanthi gampang lan cepet.

Saliyane efek-efek foto biasa, para sutresna aplikasi iki uga bias nambahake maneka efek foto kang nengsemake me­nyang foto-fotone. Sawenehing efek foto mau ing anta­rane yakuwi Black & White, Vintage Films, Drama, Grunge, Center Focus, lan liya-liyane.

Aplikasi Snapseed kanggo Android cocok kanggo dipigunakake ing smart­phone lan tablet.

Amrih bisa kerja kanthi becik, aplikasi iki mbutuhake Android versi 4.0 (ICS) mendhuwur.

Snapseed sumadya jroning maneka bahasa. Emane, nalika tulisan iki digawe, durung sumadya sing edisi Bahasa Indonesia. 

Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top