GuidePedia

 
Pitik cemani

Pitik cemani akeh-akehe digathuk-gathukake karo kekuwatan mistik. Nganti tumekane saiki kekuwatan mistik pitik cemani kang kaya mangkono mau akeh sing isih padha percaya. Apa bener kaya mangkono?

Kita kerep krungu yen pitik cemani sing dienggo tumbal sajeroning ritual tinamtu, kaya dene pelaris, ruwatan kanggo obat, tumbal wewangunan sarta ritual liyane. Bab iki dibenerake dening para paranormal, yen pitik cemani mono nduweni kekuwatan mistis lan daya magis kang kuwat saliyane uga nduweni hoki lan keberuntungan. Daginge, balunge lan getihe kang sarwa ireng bisa dienggo tumbal utawa sajen.

Dikandhakake dening sawenehing paranormal, kabeh perangane awake kang sarwa ireng, banget disenengi dening para jim pri prayangan kang mujudake panganan kang banget disenengi. Manut sawenehing sumber, ing kraton jaman ndhisik, pitik cemana biyasa kagunakake dening para raja, jawara, pendhekar, dhukun lan wong pinter liyane minangka syarat sajen kanggo nggayuh sawenehing ilmu kasekten lan sapanunggalane. Sabanjure kanthi turun temurun mitos pitik cemani kang jaman ndhisik sering kagunakake minangka tumbal, lan sesajen tinamtu nganti dinane iki isih lestari kagunakake.

Pitik cemani asline mujudake pitik lokal asli Indonesia kang asal usule saka tanah Jawa. Jeneng cemani dhewe asli saka basa Jawa sing tegese ireng mulus. Warna ireng ing sakabeh­ing anggane pitik cemani iki pranyata sampurna wiwit saka cengger, gembel, cucuk, njerone cangkem, ilat wulu, swiwi nganti bolongane dhubur sisik sikil tumekaning cakar mahanani pitik kang sarwa ireng mau sinebut cemani.

Pitik cemani nduweni rupa ireng kang sampurna ing saranduning anggane. Malahan nganti werna da­ginge, balung lan getihe kabeh wernane ireng bles. Pitik cemani iki asal usule saka pitik Kedu ireng sing akeh diingu dening masyarakat jaman ndhisik ing desa Kahuripan, Kedu rikala jaman Majapahit abad 14. Keri-keri iki pitik cemani akeh digoleki wong kanggo persyaratan tumbal sarta ritual ghaib. Upamane kanggo tumbal pelarisan, ndhudhuk raja brana, nglancarake jejodhoan sing sial, pengobatan, ruwat wewangunan sarta maneka keperluan liyane.

Ana tataran lelaku khusus kanggo cemani minangka tumbal utawa sajen. Sadurunge kawiwitan kanggo sesajen, luwih dhisik si pitik cemani mau kudu didusi nganggo kembang pitung rupa. Sawise iku diwacakake mantra-mantra utawa jampi-jampi khusus dening sawenehing paranormal utawa wong pinter sing pancen paham marang bab kasebut. Sawise mangkono nembe dibeleh kanggo dijupuk getih lan daginge. Sabanjure getih lan daginge cemani tumuli diaturake kanggo tumbal sawenehing kebutuhan tinamtu.

Manut sawijining legenda, sadurunge laire kutha Temanggung, ana sawenehing wong sekti mandraguna kang lagi tapa aran Ki Ageng Makukuhan kang nduweni klangenan ngoleksi pitik sarwa ireng, mung cucuke ing wernane putih.

Sawijining ndina nalika panjene­ngane lagi tapa nendra ing salah sijine kuburan keramat ing wilayah Kedu. Penjenengane oleh wangsit kinen ngobati gerahe putra Panembahan Harya Pikukuh. Ing sajeroning wangsit mau ngandhakake menawa pitik cemani kena dienggo ngobati gerahe keng putra Panembahan Harya Pikukuh. Ora dikandhakake kepriye proses olehe ngusadani kang pungkasane putrane Panembah­an Harya Pikukuh bisa waras temahing jati.

Wiwit iku, pitik kasebut didadekake “lambang penyembuhan”. Wiwit iku tradhisi kang kaya mangkono mau nganti dinane iki isih padha dipercaya yen pitik cemani bisa digunakake ing bab-bab kang asipat magis. Upamane kanggo adicara ruwatan pembangunan pabrik, kreteg, gedhong-gedhong susun. (Pakne Novie, maneka sumber)


Dapatkan Wisbenbae versi Android,GRATIS di SINI !
Lihat yg lebih 'menarik' di sini !
Follow @wisbenbae

Beli yuk ?

 
Top