GuidePedia

Sawatara uwong ngontrol carane memangan klawan diet ketat (nemen). Pranyata ana rahasia kang luwih prasaja, yaiku mamah panganan suwene 30 dhetik sadurunge diulu, weteng ora gampang cepet luwe.


Mamah panganan 30 dhetik, weteng ora gampang luwe

Ngatur carane memangan mujudake salah siji kunci marang kasile program diet. Emane, akeh wong kang atekad nin­dakake diet sing pungkasane gagal jala­ran ora bisa ngontrol anggone mema­ngan. Nanging, miturut panaliten anyar, diet nemen (ketat) bisa diganti nganggo pakulinan mamah panganan suwene 30 dhetik sadurunge diulu.

Satemene ing piwulangan agama Islam uga wis kerep dikandhakake, Nabi Mu­hammad SAW manut hadist uga mra­yogakake supaya yen mamah panganan sethithike kaping 33 nembe diulu. Malah kanggone panganan sing atos diprayo­gak­ake dimamah kaping 70. Etungane, yen samamahan dietung sadhetik, ateges Islam wis mrayogakake mamah panganan suwene 33 dhetik.

Wewadi kuwi kawiyak liwat panaliten kang ditindakake para ilmuwan saka University of Birmingham. Para panaliti nde­leng wong kang mamah panganan luwih suwe dadi luwih sethithik anggone ngemil dibandhingakake karo wong liyane. Cara iki bisa mengaruhi marang mudhune bo­bote awak jalaran prosese mangan dadi krasa mbosenake.

Ing lapuran kang diterbitake Jurnal Appatite, panaliten iki nuduhake yen ang­gone mamah panganan luwih suwe aki­bate bisa mengaruhi marang napsu ma­ngan, matesi pepenginan kanggo ma­ngan coklat, permen lan panganan cami­lan liyane kang bisa ndadekake numpuke lemak. Panaliten sadurunge uga nuduh­ake yen mamah panganan ing wektu kang suwe bisa mapras asupan kalori.

Para panaliti kepengin nyumurupi apa proses mamah panganan bisa mengaruhi tindak tanduk (perilaku) mangane pawo­ngan. Ing panaliten iki, udakara ana 43 mahasiswa diajak lan dijaluk supaya na­han ora mangan suwene rong jam sadu­runge pacoban. Para peserta iki banjur di­suguhi daging ham asep sapiring lan sandwch keju.

“Peserta ing kelompok kang mamahe suwe kurang enak sawise mangan awan lan anggepane marang kenikmatan ma­ngan awan dadi suda (kurang napsu ma­ngan, Red) dibandhing peserta ing ke­lompok liyane. Akibat iki menawa wae jalaran isih rasane isih nembe wae mamah panganan ing wektu suwe,” kandhane panaliti kaya kang digiyarake Daily Mail.

Para panaliti gawe teori, sing dadi sebabe menawa wae jalaran nganakake konsentrasi marang sakehing proses mangan, uteg dadi luwih suwe lan luwih cilik kemungkinane ngeling-eling sinyal kebutuhan mangan. Bisa uga merga pe­ngaruh kang dituwuhake akibat mamah luwih suwe ora maremake banget sa­engga ngalang-alangi pepenginan kang­go nggayemi camilan (mimil).

Nalika Natal, warga Inggris nduweni pakulinan mangan kalkun panggang, ken­thang panggang, sosis diwungkus irisan daging babi, saus roti lan maneka sayu­ran. Yen digunggung, kalori kang mlebu awake mau luwih saka 1.000 kalori. Yen ditambah puding, biskuit, kue, coklat lan pie, kalori sing mlebu malah bisa nyeng­krek saka 3.500-4.000 kalori. Dene pase asupan kalori padinan kuwi ora luwih saka 2.500 kalori mungguhing priya lan 2.000 mungguhing wanita.

Panaliten liyane kang ditindakake de­ning ilmuwan China taun kepungkur ne­mok­ake yen mamah panganan kaping 40 bisa ngedhunake asupan kalori panganan kehe 12 persen. (Sp)

 

Beli yuk ?

 
Top