GuidePedia

0
http://linatussophy.files.wordpress.com/2012/05/sam_13091.jpg
Ngramekna ulang taun saiki wis ora aneh ora kaya jamane inyong. Mbien nek jamane inyong cilik jarang banget sing nganakna ulang taun tapi jaman saiki ora nang desa apamaning nang kota, ora cilik ora gede nek pas tanggal laire utawane setaun sepisan dirakyakna ulang taun mbuh pribe carane mbuh pribe bentuk acarane sing penting melu-melu ngramekna ulang taun.

Nek jamane inyong dulu ulang taun tapi among-among yague kaya acara ulang taun tapi nek among-among acarane mangan rame-rame. Sega nang tampah dicampur gorengan tempe, endog digodong kambi werna-werna godong sing digodong, kaya godong budin, godong bayem, godong cakracikri, pokoke akeh banget wernane dicampur dadi siji nang tampah disogna nang duwure baskom sing baskome isine banyu kanggo wisuh tangan.

Among-among jerene tujuane ya jaluk pendonga aring bocah-bocah sebrayane ben sing diamong-amongi atau sing dihajati dadi wong sing dikarepna nang bapak-biyunge.

Acara among-among nguli dilakokna ora setaun pisan tapi melu tanggalan jawa atau itungan dina semisal laire dina jemuah kliwon dadi nguli nganakna among-among ya setiap jemuah kliwon, nek sing laire dina rebo paing ya among-amonge dina rebo paing terus tapi kadang wektu-wektu gue bocah cilik pada sekolah dadi biasane dilakukna ngenteni dina minggu atawane dina liburan sekolah.

Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top