GuidePedia

0

Istilah kanggo ngarani "adi yus­wa", ana kang kanthi aran Manusia Usia Lanjut (manula), Lanjut Usia (lansia) Warga Usia Lanjut (wulan), Golongan Lanjut Umur (glamur), Usia Lanjut (usi­la). Menawa ing negara Inggris kaloka kanthi aran utawa istilah Warga Negara Senior. Organisasi Kesehatan Dunia (WHO) mantha adi yuswa dadi 4 klom­pok, yaiku: Umur pertengahan (middle age) 45 -59 taun, Lanjut usia (elderly) 60 -74 taun, lanjut usia tua (old) 75 – 90 tauun lan tuwa banget (very old) luwih saka 90 taun.

Dene Prayitno jroning Aryo (2002) mojar, saben uwong kang ana sambung-rapete karo adi yuswa ya­iku: uwong kang umur 56 taun mendhuwur, ora duwe pametu lan ora kuwagang golek nafkah kang­go padi­nan. Saparinah (1983) du­we panemu, me­nawa ing umur 55 nganti 65 taun mujudake brok umur tataran praenisium. Ing ta­taran iki tembene ngalami sawerna­ne penurunan daya tahan tubuh/kasa­rasan lan sawernane tekanan psikologis. Kanthi mengkono bakal tuwuh owah-owahan ing pangu­ripane.

Semono uga batasan lanjut usia kang tinulis ing Undang-Undang No.4 tahun 1965 babagan menehi bantuan penghi­dupan wong jompo, diandharake: sing duwe hak oleh bantuwan yaiku: dheweke sing umur 56 taun mendhuwur. Kanthi mengkono ing undhang-undhang kase­but njlentrehake menawa adi yuswa kuwi sing umur 56 taun mendhuwur. Senajan ngono, isih dumadi pambeda anggone netepake watesan umur sawenehe uwong anggone ngebrokake minangka brok adi yuswa. Ing panaliten, sing di­enggo pathokan adi yuswa umur 56 taun.

Adi yuswa, mbutuhake kawigaten gizi kang sehat. Awit, ing mangsa adi yuswa kabutuhane gizi ana owah-owahan drastis yen katandhing karo rikala ing mangsa diwasa. Kejaba kuwi merga anane owah-owahan fungsi fisiologis-e awak, uga sistem metabolik-e. Temah­ane ngaribawani utawa mempengaruhi sawernane perkara, kalebu kabutuhane gizi, murih oleh gizi kang murakabi.

Protein, kudu oleh kawigaten kang mirunggan, tumrap adi yuswa. Nalika umur mudha, total kekuwatane otot ku­wawa tekan 30 nganti 35 persen, saka bobote awake. Malah tumrap kang se­neng olahraga, bisa kuwawa nganti 45 persen. Gunggung mau nalika pa­wongan mau mlebu ing mangsa adi yuswa, mu­dhun nganti kurang saka 27 persen. Iki jalaran anane owah-owahan wigati (sig­nifikan)) dalan metabolisme lan keper­luwane awak ing babagan protein.

Kanggone pawongan diwasa, sing umure kurang saka 50 taun, padatan kabutuhane protein mung 0,8gr/kg bo­bote awak. Banget diprayogakake sum­ber protein kanggo adi yuswa, sing ka­pilih saka sumber protein kang nduweni kuwalitas dhuwur. Sing apik antara liya saka: iwak, daging sing diolah kanthi becik. Ngupakara utawa ngolah protein-protein sing wis katulis mau sing becik kanthi dikukus utawa digodhog.

Pawadane, nalika panganan mau di­godhog apadene dikukus, komplek protein bakal pecah dadi sederhana, sa­temah nggampangake/ngenthengake makaryane sistem pencernaan, mligine pawongan adi yuswa. Kosok baline me­nawa panganan mau digoreng utawa dibakar, protein mau angel digiling (cerna), satemah ngebot-boti pakaryane sistem pencernaan.

Dene piguna utawa fungsi-ne protein ngono akeh banget, nanging sing baku yaiku: kanggo ngganti utawa regenerasi sel. Awit, ing mangsa adi yuswa, sel-sel mau cerak banget karo sing diarani rusak. Mula pigunane protein kuwi kanggo ngganti sel-sel sing rusak. 

Karbohidrat. Pana­liten mrayogakake/ngan­jurake: 130gr sabendina­ne. Adi yuswa sing umure luwih saka 70 taun, becike ora nginum soft drink, gula, panganan kang nge­mu pemanis lan pengawet. Sing dianjurake, mangsa adi yuswa oleh karbohidrat 45 nganti 60 persen saka kabeh gunggunge energi. Sing apik yakuwi karbo­hidrat komplek, kayata sayuran (kangkung, brokoli, lobak hijau, terong , kentang, wortel). Woh-wohan (jeruk, pir, anggur). Polong (kacang abang, kacang ireng, dhele).

Saliyane sing wis katur ing ndhuwur, dipilihake uga panganan kang berindeks glikemik cendhek. Kaya ta: beras abang, gandum, roti putih, gethuk, lan woh-wohan sing akeh serat. Pangerten glike­mik, yaiku ukuran lakune (kecepatan) panganan dikonsumsi dadi gula darah.

Panganan kang nduweni indeks gli­kemik cendhek, njalari krasa warege da­di awet suwe. Bab iki becik tumrap adi yuswa. Karbohidrat minangka sumber energi utama tumrap awak kanggo la­kune fungsi-fungsi dhasar organ tubuh/raga, lan kanggone aktivitas fisik.

Lemak. Ana sing mojar menawa umur tuwa ora dadak mangan panganan kang berlemak. Kamangka ing umur kasebut ora ana prekara kanggo nggiling gajih sing dikon­sumsi. Le­mak/gajih uga dibutuhake adi yus­wa. Contone, kanggo me­nehi energi jangka panjang, rasa wareg kang suwe, rerewang akti­vasi hormon-hormon, ngayomi sel-sel awak, ngang­kut vitamin larut lemak me­nyang sakojure awak, lan njaga suhune awak.

Lemak, kinaran mbebayani ma­nawa adi yuswa kasebut ndu­weni faktor risiko kang bisa nye­babake tuwuhe sawernane lelara. Upamane ing mangsa adi yuswa ning obesitas (perkara lemak) sentral utawa obe­sitas abot, ana riwayat ateroskle­rosis, utawa lara jantung, lan sapi­turute.

Rekomendasi kabutuhan lemak antarane 25 persen saka gunggung kabutuhan energi, njur ngonsumsi lemak ora luwih saka 10 persen sar­ta total kolesterol kurang saka 200 mg, sabendinane. Sumber gajih/lemak upamane: santen, daging babi, susu akeh lemak, lenga klapa. Dene je­roan, uteg kewan, endhog, mentega lan liya-liyane kuwi sum­bere ko­lestrol.

Pendhidhikan gizi kanggo para adi yuswa, brok pensiunan dhe­weke sing ngupakara adi yuswa mujudake sawenehing perkara kang wigati kanggo nyisihi duma­dine salah nu­trisi kang bisa nuwuh­ake bab-bab kang ora nyenengake. Perkara gizi sing diadhepi para adi yuswa kang cedhak yaiku: mena­wa dumadi mlorode aktifitas fisio­logis awak-e. Kejaba kuwi kahanan kasarasan kang ora padha, nuwuh­ake kangelan anggone netepake standar kabu­tuhan zat gizi adi yuswa.

Solusine: kudu nggatekake ta­tanan nyukupi gizi makro (karbo­hidrat, lemak, dan protein). Ora keri babagan kabutuhan serat, vitamin, lan mineral-mineral utama (kalsium, magnesium, fosfor, zink, lan sapitu­rute) kudu kacukupan. Uta­mane zink, mineral iki bisa nyepet­ake wa­rase adi yuswa. (saka maneka sum­ber). (Mbah Met)


Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top