GuidePedia

0

Akehe jinis kuliner ing wewengkon Jawa Tengah nuwuhake kabhinekan ing Negara iki, lan bahan kanggo ngracik kuliner uga gumantung karo jinis bahan sing arep dimasak.

Sutopo sing wiwit taun 1955 wis dodol Nasi Gandhul

Ing Desa Gajah Mati kecamatan Pati Kabupaten Pati Jawa Tengah, kuwi gudhange kuliner sing jenenge Nasi Gandhul, pancen aneh tur lucu nasi kok di arani Gandhul? Wiwit wong enom nganti wong tuwa, ing Desa Gajah Mati, atusan luwih sing gawe lan dodol Nasi Gandhul. Kena diarani wong dodol Nasi Gandhul, akeh banget sing jejer ning pinggir dalan kutha Pati. Apa maneh yen wayah sore udakara jam 5 nan, katon rame kaya padha perang iklan. Amerga asale Nasi Gandhul ya pancen saka desa Gajah Mati.

Miturut keterangane Sutopo, putrane almarhum bapak Melet, wiwit tahun 1955 wis miwiti gawe lan dodol Nasi Gandhul. Awit saka cara masak nganti dodolane mbutuhake wektu sinau nganti patang taun suwine, masakan Nasi Gandhul kuwi beda karo jenis masakan liyane. Jalaran kabeh bumbu lan rempah-rempah wiwit bawang, mrica, jahe, kencur, tumbar, laos, jinten, lombok, miri, terasi kuwi mlebu kabeh. Kejaba iku uga godhong melinjo lan kunir. Kabeh bumbu-bumbu kuwi diuleg alus, gumantung jumlahe masakan. Bumbu siji lan sijine kudu padha. Bakal luwih nikmat lan mantep yen nganggo miri lan terasi sing super.

Wujude sayur Gandhul sing lagi mateng mungah-mungah

Mangkene ceritane Sutopo sing ing taun 1955 miwiti dodol Nasi Gandhul. Wayah jam 11 bengi di pikul karo nggawa obor ditawake saka omah-omah lan ing njero kutha Pati ing wewengkon pecinan. Dipikul ngalor ngidul gondhal – gandhul mulane nganti saiki dijenengake Nasi Gandhul. Dene Nasi Gandhul biyen kuwi dhahare ora nganggo piring mung dipincuk godhong gedhang sendhoke suru (godhong gedhang ditekuk kanggo sendhok) lan dhahare karo ndhodhok.

Sakteruse ceritane Sutopo, awit ketemu mbah Rono saka desa Panjunan, Nasi Gandhul padha dikenal masyarakat, jarene Nasi Gandkul kuwi, bisa kanggo tombo maneka warna yaiku “Tamba ngelih lan ndadeke awak sehat amerga bumbu-bumbune saka jahe, mrica, laos, kencur,” kandane Sutopo sinambi milihi bumbu sing arep diracik.

Nasi Gandhul sing wis diwadhahi nganggo dhunak

Masakan Nasi Gandhul tekan saiki isih akeh tinemu ing omah utawa warung-warung sedheret ing pinggir dalan kutha Pati. Wis ora kaya biyen maneh padha dipikul, amerga wis misuwur akeh lan dikenal masyarakat. Ora mung wewengkon Pati, uga njaba kabupaten Pati.

Rikala ing taun 1999, Nasi Gandhule Sutopo dipundhut Gubernur Jawa Tengah H. Mardiyanto kanggo suguhan acara hajatan pahargyan pawiwahan lan syukuran ing Semarang. Iki amerga rasane Nasi Gandul kuwi enak, ora mung gubernur wae sing ngundang nanging Wali Kota semarang Sukawi Sutarip ing taun 2006 uga kepingin ngrasake masakan Nasi Gandhul saka desa Gajah Mati kasebut. (Dik) 

Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top