GuidePedia

0



Mardiman gedheg-gedheg. Ngadhepi guru siji iki pancen jengkel-jengkel nganyelke lan ngguyokake. Ora kenyana babar blas yen bubar ulangan umum ana remidi kanggo dheweke lan murid-murid sing bijine sak ngisore KKM. Apa maneh Mardiman rumangsa bisa nggarap ulangan bahasa Indonesia, dadi atine rumangsa ayem. Nanging kocapa, rong ndina sakwise ulangan, lha kok ana papan pating tempel pengumuman remidi kang ramene kaya iklan. Atusan murid padha rebutan maca. Ana sing lunjak-lunjak saking senenge, ana uga sing susah merga kudu mbaleni ulangan.

“Kowe kok susah apa katut remidi Man?” pitakone Anton kanca kelas XI TP. ”Iya Ton, sak kelas wong papat!” semaure setengah mangkel.

“Ana kancane, sinau Man, ben ora remidi,” pituture Anton.

“Pak Buwah ki pancen aneh, remidi kok dicampur karo kelas liya. Akhire aku lak ya ketemu karo Sinta… Gengsiku anjlog ta Ton.”

“Lho, lak malah isa mulih bareng, boncengan, pacaran sisan!”

“Ngawur… aku wis dielikake Pak Buwah, merga wis konangan nalika ana bangjo Pedurungan. Esuke aku disidang karo guru BP. Dikandhani akeh-akeh. Ora entuk pacaran yen durung kerja. Jare mesakke Ibuku sing mung dodolan jamu ana pasar. Tak pikir ya bener, nanging kok ndadak remidi bareng. Lisan sisan. Pitakone mesti analitis. Isin aku yen ora bisa njawab,” semaure megap-megap.

“Wah, mikirmu kudu positif. Niyate Pak Buwah apik. Ya wis, ditampa kanthi omber ati Mas,” Diman mung bisa isin nalika Sinta ujug-ujug ngampiri. Wanodya sing nduweni pipi dhekik mau mung mesam-mesem. Sak wise adhep-adhepan karo Diman dheweke ngomong:

“Aku sesuk remidi. Mula aku arep bali, arep sinau, balik kapan Mas?”

“Saiki ya ora apa-apa, nanging metu dalan liya. Aku isin yen ketemu Pak Buwah maneh. Sapa ngerti malah dikon gawe kalimat majemuk nganggo tema boncenganapa pacaran, isin!” rasa khawatire mbledhos.

***

ESUKE Pak Buwah nggiring bocah cacahe telung puluh telu. Kabeh saka korban remidi sepuluh kelas. Bocah-bocah mau ditakoni mbaka siji. Yen ora bisa njawab, pitakonan banjur diwenehke bocah liyane. Kaya acara cerdas cermat. Dadi yen ora gelem sinau ya mung ndomblong, isin.

“Saiki gilirane Diman karo Sinta lungguh kursi ngarepku!”

“Jejer Pak?” Diman kaget. Mangkono uga murid-murid liyane.

“Apa tak jejerke sing liya, ben cemburu?” Pak Buwah nggodha. Kahanan kelas dadi gergeran. Murid-murid sing maune susah dadi kalipur.

“Nggih Pak, kula sanggup, kula sanggup!” tanpa rasa risi bocah-bocah rebutan ngomong.

“Kowe ngrungokne wae. Penggemare Sinta akeh ta?” godhane Pak Buwah.

Bocah loro klecam-klecem maju. Pak Buwah aweh limang pertanyaan sing rada angel. Bejane Diman karo Sinta, kampiun njawab. Malah entuk respon saka kanca-kancane. Kabeh padha keplok mirip gayane supporter.

“Wah! Remidi kok dadi seneng, gayeng kaya nonton bal-balan!” komentare Pak Buwah. ”Leres ta Pak, saking senenge. Saged njawab bareng. Pikantuk sedasa ta Pak?” Aji aweh dhagelan. Kabeh padha nunggu semaure Pak Buwah.

“Ora mung sepuluh, nanging satus. Welingku aja ngarep-arep rapotmu banjur satus! Lak nasibmu minangka peserta remidi uga dadi bahan pertimbangan.”

“Sampun rampung Pak?” ujug-ujug Sinta ngendeli takon.

“Ya uwis, selamat! Maksudku ora selamat pacaran… Nanging selamat olehmu aweh jawaban kanthi titis,” pituture Pak Buwah. “Eling emakmu, salam kanggo bapakmu!” kandhane Pak Buwah.

“Lho, napa kenal kalih bapak, Pak?” Diman ngeyel.

“Ya takon bapakmu dhewe. Elek-elek ngene aku ya mulang perguruan tinggi swasta. Bapakmu lak kuliah maneh ta Man?”

Mripate Diman mung mlongo. Mbayangke bapakne sing mung tukang kebon guru SD nanging tetep semangat kuliah merga kepengin dadi sarjana pendidikan.

“Nggih Pak, sadhar Pak, matur nuwun Pak,” wangsulane rada gagap.

“Sinau saka bapakmu, bapakmu ora tau remidi… Mosok kowe kalah he he,” pamungkase pak Buwah ndadekake sing krungu padha mesem. (Budi Wahyono)

Sumber

lanjutin di sini !

Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top