GuidePedia

0
Dianggep Kanvas

Rd iki sawijining dosen FE universitas mumpuni ing kutha Solo. Ba­pak 47 taun iki wis kagungan mo­mongan siji, wadon umure watara 3 taunan. Sabtu, nalika nembe libur ngajar, Rd momong putrine sing isih balita iku nang ndalem. Wektu kuwi putrine sing ayu menik menik nembe dolanan macem-macem, nggambar nganggo spidol lan krayon uga boneka bongkar pasang. Rd seneng amarga balitane iku ora rewel, mulane karo nyantai anggone momong nganti Rd ngantuk lan keturon. Dumadakan ana tamu 2 teka. “Assalamualaikum…” cluluke tamu sing tibak­nen mahasiswane Rd arep konsultasi bab skripsi. “Walaikum salam…” semaure Rd karo njenggirat tangi gage mbukak lawang ruwang tamu.

Tamu loro sing mahasiswa iku mau katon ngampet guyu merga nyawang pasuryane Rd, mbuh kena ngapa Rd mang­gakake mahasiswane lungguh, banjur ngobrol sawetara. Ora let suwe, Mn garwane Rd metu saka njero karo nggawa unjuk­an. Dumadakan Mn kaget terus ngguyu weruh pasuryane gar­wa­ne sing pating cloret spidol lan krayon. We lha dalah tibak­nen pas keturon mau, putri balita ne nglukis wajahe ayahe, dikira kanvas. Hehehe….Rd banjur klincutan raup menyang mburi sajak kisinan kae, bareng rampung terus nemoni maneh mahasiswane.

“Maaf, tadi itu ulah putri kecil saya. Dikiranya wajah bapaknya ini kanvas untuk dicoret-coret” jelas Rd karo wibawa.

“Iya Pak, tidak apa-apa, sebetulnya tadi kami mau mem­beritahu, akan tetapi takut…hehehe” akhire padha ger geran.

(Andriastika Sukmawati SE-Wonogiri)

Salah Paham

Wis sawetara wektu iki aku dedunung ana Jawa Barat, adhikku saka Jateng kepingin dolan nang Bandung. Merga kepi­ngin mlaku-mlaku ana kuta Bandung, adhikku numpak angkot kanthi tak ancer-anceri angkot sing arep di tumpaki.

Bareng wis katog anggone mlaku-mlaku saka masjid Agung adhikku tumuju menyang terminal angkot sing ana kebun Kela­pa tak tunggu-tunggu kanthi rasa kuwatir nganti wengi kok durung tekan ngomah, kuwatir yen adhikku kesasar ana ndalan.

Kira-kira nganti jam 10 bengi adhikku lagi teka kanthi praupan sing kesel banget. Bareng wis lerem lagi tak takoni kenang apa bali nganti bengi bingung ana dalan apa piye.

Bubar kuwi adhikku crita. Ora bingung, nanging arep num­pak angkot ora sida-sida wae merga bola bali ditawani numpak nang payon, adhikku ora gelem, merga rumangsa mbayar kok dikon numpak nang payon. Bareng padha ditlesih-tlesih wong saomah ngguyu ger-geran merga ngerti yen adhiku mesthi salah tampa.

Karo supir angkot adhikku ditawani nganggo basa Sunda “Jang calik di payun” sing maksude adhikku dikon lungguh nang ngarep jejer supir, merga ora paham basa Sunda adhikku nulak angkot bola bali merga diarani kon lungguh nang payon angkot.

Apa tumon merga ora paham basa Sunda, kon lungguh nang ngarep kok diarani kon lungguh nang payon.

(Eyang Uti, Bandung)

Dilarang Merokok

Putuku nomer loro sing arane Falakh iku bocahe pancen ken­del lan kritis banget. Nadyan nembe kelas 1 SD, kaya adate bocah sekolah saiki wis nricis lan pinter maca, jalaran wiwit sekolah TK pancen digladhi maca-nulis kanthi mempeng.

Nalika kulawargaku bubar takziah kapernah simbahne (mbakyune bojoku) saka Randublatung tlatah Kabupaten Blora arep bali menyang Ungaran Semarang, ing sawenehing SPBU ing Tlatah Purwodadi Grobogan mobil sing disopiri mantuku (bapakne Falakh) mandheg, jalaran arep ngisi bensin ngiras ngirus leren lan padha bebuwang ing toilet sing saiki mesthi ana ing saben SPBU.

Aku lan simbahne putri nganthi Falakh tumuju menyang toilet, lha ing ngarep toilet kono ana “petugas kebersihan” nembe ngaso, ndhodhok sinambi klepas-klepus udud.

Eee… ndadak ujug-ujug putuku si Falakh mau marani “petugas kebersihan SPBU” iku, ngadeg nggejejer persis ing ngarepe.

Karo nudingi tulisan gedhe-gedhe warna abang ing iring tembok SPBU, putuku iku nyaruwe bantas, “Mbah, iku ana tulisan “DILARANG MEROKOK” lha ngapa kok wong iki ngrokok neng kene…”

Mesthi wae aku karo simbahne putri ngguyu kepingkel-ping­kel. Dene “petugas kebersihan SPBU” iku sakala ngadeg nyat..karo ngguyu klincutan isin, njur ngelus rambute putuku lan celathu nggleges, “Oh…ya…ya…bener kowe lik, pancen pakdhe sing salah…wis saiki pakdhe arep ngrokok ning mburi wae!”

Terus klepat wonge “ngumpet” ing mburine toilet nerusake olehe udud. Supaya ora kedawa-dawa angone “ngritik” putuku iku njur tak kanthi mlebu toilet.

(Simbahne Rouf-Ungaran, Semarang)


Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top