GuidePedia

0

Nesu kuwi, kalebu brok-e emosi. Dene maceme emosi, antara liya: 
1.Nesu, 
2.Susah (sedih), 
3.Seneng, 
4.Wedi, 
5.Mangu-mangu (bimbang), 
6.Samar (Cemas). 

Seje emo-si, seje uga wujud prastawane. Upama­ne, uwong lagi seneng, kahanan iki bakal ngundhakake neurotransmitter kang beda karo nalika susah.

Pangerten Neurotransmiter miturut kamus kesehatan, yaiku: salah siji saka kelas zat kimia sing nggawa pesan antar neuron neuron pengirim. Dene sing kina­ran neuron kuwi unit kerja dasar saka utek, sel mligi sing dirancang kanggo ngi­rimake informasi menyang sel saraf, otot, utawa sel kelenjar.

Emosi kang kinaran nesu, kuwi tuma­ma marang pawongan kang normal. Bisa katulis ing kene, neng jagad iki ora ana pawongan sing ora kadunungan emosi "nesu", waton pawongan mau neng kaha­nan normal. Iki pilahe, kuwi pawongan lanang apa wadon. Nesu, kaprahe tuwuh awit ana pepinginan utawa pangarep-arep, kang ora jumbuh karo kanyatan. Dene jodhone rasa nesu kuwi: rasa se­neng utawa susah. Rasa mau minangka genepe pangrasane sawenehe pawong­an, kang gawe kahanan urip iki kinaran ora ajeg utawa dinamis.

Neng jagading pengobatan hilostik (panggulawenthah/pendekatan), rasa cemas, wedi utawa nesu kuwi ngariba­wani(mempengaruhi) perangan awak tar­tamtu. Iki mujudake respon awak tumrap bab-bab kang lagi dipikir, dirasa lan di­tindakake. Menawa ana pawongan stres utawa nesu, banjur ketaman gangguan jantung, kuwi tegese, emosi mono nduwe koneksi utawa sesambungan langsung tumrap organ awake(tubuh) manungsa.

Wujude rasa nesu kuwi bisa arupa anane owah-owahane bahasa tubuh, kayata: praupan (mimik), tembung-tem­bung kaucapake, uga sok kawuwuhan obahe awak, tangan lan sikil. Praupan sawenehe pawongan kang nesu ujug-ujug bisa owah, kang maune idhum malih dadi kereng(serem). Mripat kang maune mra­nani, owah dadi mentheleng abang tajem, uga dikantheni awak gemeter lan kringeten.

Asil panalitene Dr Neus Herrero saka Universitas Valencia Spanyol/VIVAnews, ndudohake: sanadyan nesu iku nuwuhake efek elek tumrap kahanane fisik, nanging uga nduweni efek sing nguntungake, tumrap kasarasan mental. Awit, rasa nesu mau ora kesuwen diendhem ana ati. Sabanjure, rasa nesu mau njurung tekanan darah menyang perangan utek kang nuwuhake rasa lega, utawa "plong".

Nanging, senadyan ngono asiling panaliten, ngendhaleni nesu kuwi banget ndheseg, utawa kudu enggal ditindakake. Yen basa ngetrene kinaran: "sangat ur­gen". Rasa nesu kuwi yen diuja, dijarake utawa diumbar, bisa nuwuhake dumadine reridhu kang banget utawa teges, ma­rang kesarasane awak. Turmaneh, nesu iku pakaryan kang ora ana gunane sing mligi. Yen nganti rasa nesu mau tansah diumbar, bisa nuwuhake bab-bab kaya ing ngisor iki:

Tekanan Darah Tinggi. Darah tinggi utawa hipertensi kuwi asring tu­wuh merga tataran rasa nesune dhuwur. Hipertensi bisa ndadekake lara stroke, gangguan jantung lan gagal gijal. 

Awak dadi lembek utawa loyo. Awit, nesu ngono dadi jalarane otot-otot dadi methentheng(tegang), satemah nuwuhake kesele(lembeke) awak. Ana pa­naliten kang ngandharake, nesu su­wene sakmenit, kuwi kesele kaya wong makarya suwene 4 jam. Merga kahanan nesu, mula rasa kesel dadi tuwuh kang njalari metabolisme utawa proses kimi­awi kang ana awak dadi mlorod. Kanthi anane metabolisme kang mlorod, dadi jalaran gampange lelara utawa penyakit tumama. 

Utek dadi lembek. Nesu, kejaba nuwuhake hipertensi, lembeke awak lan gangguan jantung, bisa uga njalari pigu­na utawa fungsi uteg dadi lembek drastis utawa banget. Yagene bisa mengkono? Awit, nalika nesu, getih jroning uteg dadi suda, merga luwih akeh mili menyang otot-otot gedhe, satemah getih sing pen­ting kanggo asupan oksigin nyang utek dadi kurang, njalari pawongan sing nesu ora bisa konsentrasi, ora bisa ngontrol solah-bawa, kang bakal ngrugekake awake dhewe uga wong liya. 

Gangguan Pencernaan. Nesu bisa uga njalari asam neng lambung dadi mundhak, mula njur ketaman lara weteng. 

Depresi. Nalika nesu, awak mro­dhuksi hormon kortisol, hormon sing di­produksi dening kelenjar adrenal ngun­dhakake tekanan darah lan gula darah. Lan imun utawa sistem perlindu­ngan pe­ngaruh saknjabane biologis kang ditin­dakake dening organ khusus dadi lembek. Mula kahanan iki dadi gampange macem-macem lelara, tumama. 

Kepetung begja tumrap pawongan kang bisa meper "nesu"-ne. Pawongan kang kaya ngono mau pawongan kang kinaran sabar. Kosok baline, kanggone pawongan sing seneng nguja nesune, bakal gampang ketaman sakehing lelara. (saka maneka sumber).


Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top