GuidePedia

0

Wakil Gubernur Banten, Rano Karno Wakil Gubernur Banten Rano Karno disebut-sebut nate tampa dhuwit Rp 1,2 miliar saka PT Bali Pasifik Pragama (BPP), perusahaan duweke kadakwa prakara panduga beselan ngurus pasulayan Pilkada Lebak, Banten, Tubagus Chaeri Wardana alias Wawan.

Bukti iku kawiyak nalika staf keuangan PT BPP kang uga tinanggenah minangka Direktur PT Buana Wardana Utama Yayah Rodiah dadi seksine Wawan ing Pengadilan Tindak Pidana Korupsi (Tipikor) Jakarta, mentas iki. Kejaba Yayah, jaksa penuntut umum (JPU) uga nekakake seksi liyane, yaiku calon Wakil Bupati Lebak, Kasmin; ajudane tilas Wakil Bupati Lebak Amir Hamzah, Deni Saputra; staf keuangan PT BPP Ahmad Farid Ansyari, lan Awaluddin.

Wiwitane Yayah wegah ngaku ana paweweh cek pengaji Rp 1,2 miliar kang ditujokake marang Rano Karno. Nanging, anggota JPU Dzakiyul Fikri tansah naliti lan nggeter nakoni Yayah bab panduga paweweh bebana gegayutan karo Pilkada Banten kang nate duwe perkara ing Mahkamah Konstitusi (MK). “Apa ing Pilkada Banten Sedulur nate nulis cek gedhene Rp 1,28 miliar kang diwenehake marang Rano Karno?” pitakone Dzakiyul marang seksi.

Sakawit Yayah selak klawan ngandhakake lali nate ngirim dhuwit iku marang Rano Karno kang ditulis ing pembukuan pribadine. Yayah alesan ora gawe pembukuan pawetone dhuwit kasebut. Nanging, Dzakiyul bali ngelikake lan nakokake apa nalika dipriksa ing Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK) penyidik nate nuduhake marang Yayah bukti pengiriman dhuwit liwat cek PT BPP marang Rano Karno? Ing cek pengaji Rp 1,2 miliar iku ditulis Yayah ing pembukuan pribadi. Akhire, Yayah pasrah lan mbenerake. “Iya Pak dituduhake. Bener,” blakane Yayah.

Dheweke uga mbenerake nate kirim (transfer) dhuwit menyang rekeninge CV Ratu Samagad. Ing dakwakane JPU, dhuwit iku ditransfer nalika tanggal 17 Nopember 2011 kanthi kodhe ‘pembayaran bibit kelapa sawit dan batu bara’. Yayah uga mbenerake marang buktine transfer kasebut nate dituduhake penyidik nalika pemeriksaan ing KPK. Pengiriman dhuwit kasebut, ujare, merga saka prentahe Wawan. Nanging dheweke ngaku lali marang proses penyiapan dhuwit lan pengirimane.

 
Tilas Ketua MK, Akil Mochtar Yayah kandha ora ngerti usaha kelapa sawit lan batu bara PT BPP. Dheweke uga ngaku lali transfer Rp 1,5 miliar nalika tanggal 18 Nopember 2011 menyang rekeninge CV Ratu Samagad klawan kodhe ‘pembelian alat berat’. Manut kandhane, kodhe iku mujudake kekarepane Wawan.

Nalika arep dijaluki katrangane, Rano Karno lagi ora ana ing Banten. Kepala Biro Humas dan Protokol Pemprov Banten, Sitti Ma’ani Nina mbenerake yen Rano Karno lagi cuti kerja minangka Wakil Gubernur Banten. “Bapak lagi cuti,” kandhane Nina. Dheweke nambahake, Rano Karno lagi ana ing Bali. “Aku ora ngerti ana acara apa ing Bali?,” tandhese.

Ora beda karo kang dikandhakake dening sekretaris pribadine Rano Karno, Suti Karno. Manut kandhane, Rano Karno pancen lunga menyang Bali. “Bapak lagi ana ing Bali, aku ora melu,” jlentrehe adhi kandhunge Rano Karno iki.

Nggepok bab tudingan panampane dhuwit Rp 1,2 miliar marang Rano Karno, Suti kandha ora ngaweruhi. Dheweke malah nakokake sapa sing ngandhakake ana weh-wehan dhuwit marang Rano Karno nalika taun 2011 iku. Sebab, kandhane Suti, Rano Karno dadi Wakil Gubernur Banten nembe taun 2012. “Bapak rak mlebu Banten nembe taun 2012,” tandhese.

Sawatara iku kadakwa tilas Ketua Mahkamah Konstitusi (MK) Akil Mochtar pranyata njaluk dhuwit beselan kehe Rp 6 miliar marang Bupati Buton, Sulawesi Tenggara, Syamsu Umar Abdu Samiun. Bukti iku kawiyak ing sidhang bacute ing Pengadilan Tipikor, Jakarta.

Ing sidhang iku, JPU ing KPK nekakake sakehing seksi. Ing antarane yaiku Syamsu Umar, Yusman Maryanto (ajudane Bupati Buton), Laode Muhammad Agus Mukmin (kanca rakete Bupati Buton), tilas Wakil Gubernur Papua (Alex Hasagem), lan Direktur Keuangan CV Samudra Kencana Mas (Ester Wilfrina KA).

Syamsu Umar sing saiki njabat minangka Bupati Buton periode 2012-2017 ngandhake, panjaluki Akil dhuwit Rp 6 miliar iku tekane saka Arbab Paproeka sawise ketemu karo kang gegayutan ing Hotel Borobudur tanggal 17 Juli 2012. Liwat sambungan telepon, Arbab ngandhakake yen Akil Mochtar njaluk dhuwit Rp 6 miliar. Yen panjaluke ora dituruti, Syamsu Umar kaincim bakal kalah ing sidhang pasulayan pilkada asil Pemungutan Suara Ulang (PSU) ing MK sanajan dheweke menang ing PSU kasebut.

 
Wakil Gubernur Papua, Alex Hasegem Panjaluke dhuwit Rp 6 miliar dening Arbab supaya MK nulak gugatan kang dijokake dening mungsuhe, yaiku Agus Feisal Hidayat-Yaudu Salam Ajo, lan ngukuhake kamenangane. “Kandhane Bang Arbab, Pak Akil njaluk dhuwit Rp 6 miliar supaya ora murungake putusan iku,” ujare.

Sanajan yakin menang ing sidhang MK, Syamsu Umar akhire bingung lan wedi. Mulane dheweke banjur nyepakake sakehing dhuwit sabisane. Sedina sabanjure, Syamsu Umar langsung kirim (transfer) dhuwit Rp 1 miliar menyang rekeninge CV Ratu Samagad. Nomer rekening iku diwenehi Arbab liwat pesan singkat (SMS). Malah Arbab kongkonan pengiriman iku ditulis kanggo ragad DP batu bara.

“Aku keweden lan dalasan mangkel jalaran aku weruh bakal dimenangake. Yen ora kleru pengiriman tanggal 18 Juli 2012,” tambahe.

Sabanjure, jalaran isih kurang Rp 5 miliar, ana pesan singkat papat (SMS) saka pawongan sing jenenge Akil. SMS sepisanan teka seminggu sawise putusan tanggal 24 Juli 2012 dening MK. Sabanjure seminggu sawise dheweke dilantik Agustus 2012. SMS sing katelu lan kapapat teka sesasi sawise pelantikan. Nanging Syamsu Umar kandha ora nggape, malah nomer HP-ne langsung diganti. Ketua hakim Suwidya langsung nggeter ing ngendi handpone lan nomer ponsel iku. “Wis ora ana. Penyidik uga ora mbeslah,” ujare.

La Rusuli mbenerake, Akil Mochtar nate menyang Pasar Wajo, Ibukota Kabupaten Buton, sawise diputusake PSU dening MK. KPUD Buton ngirimake surat nalika tanggal 14 Mei 2012 menyang MK kanggo kongkonan pawongan hakim konstitusi kanggo Pemungutan Suara Ulang (PSU) ing kabupaten kasebut. Dening MK, sing dikongkon Akil Mochtar bebarengan karo petugas panitera MK. Akil teka ing Bandara Betombari Kota Baru-Bau nalika tanggal 19 Mei 2012.

Nalika iku, ajudane Akil nelpon lan njaluk sakehing fasilitas kang kudu dicepakake. Ing antarane mobil Innova loro, hotel sing apik dhewe ing Bau-bau lan tiket pesawat cacah loro kanggo mulih menyang Jakarta. Kabeh kasil dicepakake. Mung wae mobil Innova ora bisa dituruti, lan mung antuk mobil Avanza lan Honda Jazz. “Arep dakbayarake kabeh fasilitas iku. Nanging Pak Akil kandha ora usah lan pancen Pak Akil sing mbayari klawan ragad MK,” bebere.

Dene Alex Hasegem ora selak nate transfer dhuwit menyang Akil Mochtar. Alex kandha kekancan karo Akil Mochtar nalika padha-padha dadi anggota DPR Fraksi Golkar. Panjaluke dhuwit iku kawiwitane saka Alex nakokake saperangan pasulayan pilkada ing Papua. Manut kandhane, minangka pimpinan rumangsa duwe kewajiban ngecek supaya ora dumadi kekosongan pimpinan.

“Ana 29 kutha, sawise rampung (pilkada) pok-pokane ing MK. Jalaran ana Pak Akil kanca raket, minangka wakil gubernur, pilkada sing pok-pokane ing MK kuwi dakcek,” ujare Alex.

Dheweke blaka kerep ngecek Pilkada Kabupaten Papua kang dipasulayanake ing MK. Manut kandhane, nalika iku Akil ngajap supaya sabar. Ing akhir pirembugane, kandhane Alex, Akil klakon sambat kentekan pulsa. Alex langsung nanggapi klawan njaluk nomer rekening. Dheweke uga ngakoni nransfer dhuwit. “Wagub, pulsa entek (kandhane Akil), wis njaluk rekeninge, mengko dak kirim,” blakane Alex.

Alex nerangake, nate kirim dhuwit kaping pindho, saben kiriman Rp 25 yuta. Banjur jaksa nggeter Alex geneya dikirimi dhuwit, wondene Akil njaluk pulsa. Alex bali ngirimake dhuwit kaping pindho sing saben kiriman kehe Rp 25 yuta lan Rp 50 yuta. Manut kandhane, dhuwit kuwi dikirim liwat ATM. Nanging, dheweke mbantah transfer dhuwit iku gegayutan karo pilkada sanajan ora mbantah nate takon bab pasulayan pilkada ing MK. Dhuwit nate ditransfer kanggo kepentingan Riyayan. “Nanging iki mung winates minangka kanca. Ora ana gathuke karo Pak Akil minangka hakim konstitusi,” tandhese.

Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top